-->

Notification

×

Iklan

Iklan

Tag Terpopuler

Dialog Penuh Makna Antara Petruk vs Bagong (Bahasa Jawa)

Sabtu, 09 Juli 2022 | Sabtu, Juli 09, 2022 WIB | 0 Views Last Updated 2022-12-25T12:03:34Z
#Pepeling

Oleh : Santo Dozanto

PETRUK : Gong, yen ana Macan mangan Kidang, sing bok melasi Macane apa Kidange jajal..?

BAGONG : Yo melas Kidange yo Truk, matek dibadog macannn!!!

PETRUK : yen aku koq luwih melas Macane gong..

BAGONG : Lha urutan e piye Truk, kok melas Macane...

PETRUK : Kidang uripe iso mangan tanduran
sembarang Gong, lha nek Macan.. 
Gelem ora gelem kudu mangan Kidang. Mongko yen tambah tuwo wis gak kuat mlayu nguber kidang, bakal matine ngenes Gong.. Kelaparan

BAGONG : iyo ya Truk..

PETRUK : lha iyo lah Gong, mulo rausah ngumbar nepsu pepinginan dadi Wong gedhe. Apa maneh Rausah kepengen dadi Macan...
Penak Kidang, mangan sak anane..

BAGONG : penak yo penak dadi Kidang, ning kudu ati-ati Ojok sampe ktemu Macan

~ Sudut pandang niku pirang pirang..
Beda ilmune, beda panemune..
Beda panemune nanging guyub rukun
pasedulurane..

Ojo gampang nyalahno wong liyo, mergo saben² Manungsa iku durung karuan bener

Boten salah mangga nglumpukaken pener bebener tumunju dalan kabecikan 

Sing mesti bener namung Gusti Alloh ingkang moho Tunggal

Nrk Kawula tak manut dawuh e kanjeng nabi kita Sayyidina Muhammad SAW kemawon.

Dikutip dari FB Bahasa Jawa Krana
×
Berita Terbaru Update